Kamis, 18 Oktober 2012

Bahasa jawa yang belum selesai



BAHASA JAWA
NGRUNGOKAKE PACELATHON
Pacelathon kuwi kalebu peranganing kasusastran Jawi. Pacelathon yaiku wawan rembug antarane loro utawa luwih.
Bab-bab sing kudu digatekake nalika pacelathon yaiku :
1.       Lafal, yaiku pakecapan basa
2.       Intonasi, yaiku dhuwur cendheke swara
3.       Mimik, yaiku praupan

tuladha :

GAWE LAYANGAN
Marni                    : “apa tugasmu wis rampung, No?”
Sarno                    :  “tugas apa Mar, aku kok durung ngerti?”
Marni                    : “dhawuh saka Pak Paijan.”
Sarno                    :  “apa gawe layangan?”
Marni                    :  “bener, No.”
Sarno                    :  “durung, menawa sampeyan?”
Marni                    :  “ubarampene wis dakcepakake, mung durung rampung.”
Sarno                    :  “apa bae sing diperlukake?”
Marni                    :  “ragangan, lem, kertas marmer, lan benang.”
Sarno                    :  “Matur nuwun, Mar.”
Marni                    :  “padha-padha.”

TUGAS
WANGSULANA PITAKON ING NGISOR IKI !
1.       Sapa sing lagi rembugan ?
wangsulan ..............................................................
2.       Apa irah-irahan wacan ing nduwur ?
wangsulan ..............................................................
3.       Sebutna bahan-bahan kanggo nggawe layangan ?
wangsulan .............................................................
4.       Apa dhawuhe pak guru wis digarap ?
wangsulan ............................................................
5.       Apa kang diucapake Sarno nalika dielengake Marni ?
wangsulane ..........................................................

 Bita diselesaikan ya tugasnya, ini sudah dipindah di blog

Tidak ada komentar:

Posting Komentar